Omong Ora Kanggo

Kabeh iki mung omong-omong sing ora kanggo

loading...

Kamis, 13 Oktober 2016

Tresno Pisanan kui Nyimpen Misteri


Sugeng nopo ke mawon dulur dulur..
Ono ing kesempatan iki aku arep ngomongke babakan pacaran.
Sing iseh di bawah 15 tahun ke bawah tak jaluk kanti tenan ojo teruske moco iki, kono nggarap PR wae !, ingkang sampun 51 tahun langkung nggeh semanten ugi, monggo maoske dzikir ingkang katah mawon  ^___^

Aku yakin…, di antara sing moco iki mesti ono sing mbiyen jaman iseh remaja wareg tanek olehe pacaran, Tapi yow ono sing babar blas ora tahu pacaran awit remaja ngasi moco tulisan iki, tapi ora po po..,, ora pernah pacaran kui dudu sesuatu sing kudu digetuni. Justri iku suatu prestasi tersendiri.

Ngene..,,
Asline ! kabeh iku mesti nduwe Tresno Pisanan, meskipun sing ditresnani kui durung tentu iso dadi pacare.  Lha sing dadi pacar pisanan kui yow durung tentu Tresno Pisanan.

Opo… iki…,, ngene wae kok dibahas ! RA PENTING BLAS !!
Lha terserah aku now, sing ra seneng close wae, Kanggo sing sukarela kanti seneng ati moco iki ayo tak jak neruske omong ora kanggo ne..

Tresno pisanan kui pancen momen sing istimewa, soale iku mung kedadian PISAN TOK semongso urip.  Ora penting opo kui iso dadi pacarmu opo cuma sebatas dadi idolamu sing saben wengi mbok bayanke sakdurunge turu. Tresno Pisanan tetep wae ngrasuk jero ono ing palung ati.

Mangan kelingan, ape turu kelingan, adus yow kelingan.  Ora iso dipungkiri, ora iso diapusi, ati yen lagi klimaks yow pancen ngunukui.

Biasa wae now ? trus misteri ne opo ?? Judule wae koyok sangar-sangar o tapi isine malah curhat remaja…

Sabar bro ..,,
Iku cuma pemanasan, kaget ngko nek langsung njujug..
Tresno kui…,, miturut definisiku yoiku : roso kepincut kang ora masuk akal, kang tekane ujug-ujug, lan ora suwe mangsane
Coba eling-eling..,, pas ndisik dirimu lagi kebacut tresno karo slirane, senajano wong kui ora nduweni sesuatu sing istimewa miturut wong okeh, tapi dirimu tetep wae tresno, tetep wae kasmaran ngasi ora doyan mangan, kui kang karan “ora klebu akal”.


Awakmu ora pernah karep ora nduweni rencana arep “seneng” karo slirane, tapi ati koyo-koyo ora iso dikandani, ora iso disemayani, iku sing tak maksud “ujug-ujug”
Ora sue roso tresno kui ilang, iso ugo maujud dadi roso geting, muak, utowo maujud dadi roso kasih sayang.  Sing jelas roso menggebu-nggebu, roso kasmaran iku mongsone ora suwe.., ora iso dibaleni maneh.

M I S T E R I
Kabeh sing ono nduwur kui mau cuma sanepo, tresno yen sing tingkatane pol rendah, tresno marang prio utowo wanito. Kenopo sing tak nggo conto kok “Tresno Pisanan” amergo umum kui sing gampang dieling-eling lan sing wis pernah notok ati manunso ngasi titik kang paling jeru.
Ono ing tulisan iki aku pengen ngelingke awakku dewe lan konco-konco kabeh yen atine manungso kui sejatine “APES”  Gampang Ketamon Asmoro (jatuh cinta) karo tipu daya ndoyo kang serba nisbi iki.
Iso ujug-ujug “seneng” karo pangkat
Iso ujug-ujug “seneng” karo bondo donyo
Iso ujug-ujug “seneng” karo kadigdayan
Ugo isi ujug-ujug “seneng” karo roso kepengen “dimulyakkke”
YEN roso seneng kui koyo roso seneng jaman “Tresno Pisanan” mestine angil arep diilangke..,, kudu bener-bener iso ngontrol, lan sing paling penting awak dewe KUDU ELING yen “seneng” kui CUMA SAK ANTAWIS, ora suwe mongsone, soyo suwe soyo ampang…
Ojo sampe aku lan konco-konco kabeh sampe moto picek lan kuping budeg goro-goro nggudak tresno “ndonyo” koyo jaman “Tresno Pisanan”


Matursuwun wis gelem tak jak omong ora kanggo… 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar