Omong Ora Kanggo

Kabeh iki mung omong-omong sing ora kanggo

loading...

Jumat, 08 Desember 2017

Carane Mileh Bojo sing Tepat


Assalamualaikum gaes, salam sejahtera..
Suwe ora nulis rek..
Kabeh wong tentune pengen nduweni bojo, opo ono sing ora pengen ? sing ora pengen berarti lain dari yang lain, bahasa kasare ora patio normal, hehe, sepurane ya..
Langsung wae yo mas mbak, diriku pengen omong-omong ora kanggo…

Okeh sing bingung kepiye carane mileh bojo sing tepat. Mungkin iso wae golek bojo sing ayu kanggo lanang, utowo golek bojo sing ngganteng kanggo wadon, golek bojo sing sugih opo sing berpangkat, sing pinter opo sing terkenal, tapi durung tentu iso golek bojo sing “tepat”
Kenopo mimin iso ngomong ngunu ?

Lha buktine okeh sing do pisahan padahal awal-awal nikahan koyo yho yho ho.., sak pore.., pamer kemesraan bendino nek pesbuk, twiter, instagram, lan liyo-liyone. Ngejek utowo ngolok-ngolok kancane sing durung nikah, Lha bar-barane ora suwe malah pegatan, okeh ra sing koyo ngunukui ??

Okeh memang sing ngalami, ekspektasi tidak sesuai reality. Halah omong opo iku sih, yen ora ngerti ekspektasi = harapan = kekarepan = angen-agen.  Reality = kenyataan.
Sebab opo tow ?
Sebab manungso emang ora reti opo sing bakal terjadi,
Tapi jan-jane ora ngunu juga sih rek.., bukane sing nulis iki sok ngerti utowo ndisik’I kerso lho ya…
Sak ora-orane awak dewe ki kudu nduweni ancer-ancer, arah-arah, pedoman, ugeman.., supoyo menghindari hal-hal sing ora diinginkan sak wise nikahan, kan awak dewe wis diwenehi conto lan pelajaran hidup karo Gusti soko opo-opo sing iso diamati ?
Lha bojo sing tepat ki sing kepiye sih ?
Ngene..
Opo-opo kui, ora muk bojo tok, pokoke kabeh lah, kudu diukur karo awak’e dewe,
Misal tuku sandal yow kudu sing sesuai karo ukurane sikile dewe, karo duwite, karo kegunaane dewe-dewe.  Lha mosok misal wong ndeso so so, penggaweane nek tegal sawah, jarang kumpulan, dandan wae ora mesti 3 tahun sepisan nek dulure ono sing ngundang resepsinan, mosok arep tuku sandar pacalolo sing regane limang atus ewu cah ? yow muspro no cah…
Siji meneh, misal awak dewe ki butuhe cuma telponan, sms-an, pesbukan kadang kolo yen nduwe paketan, mosok tuku Iphone 6 cah ? yow lucu now ?

Lhah.., semunu ugo..
Mileh bojo yow ngunu..
Kudu diukur karo awak dewe, karo keluarga dewe, karo lingkungan dewe, ringkese diukur karo “SOPO LEH AKU IKI ? “
Soale okeh tow, sing ora gelem “nggrayang” karo awak’e dewe-dewe,
Pengene bojo perawat, bidan, guru, cewek salon, model, biduan, nek kanggo sing lanang. Sing wedok semunu ugo, pengene nduwe bojo polisi, tentara, pengusaha, PNS, ustadz, sarjana. Padahal awak’e ki jan-jane ora pantes blas yen sandingan karo pasangan idaman koyo ngunuku mau..
Bukane iki meremehkan utowo merendahkan konco-konco sing posisine wong biasa terus pengen nduwe bojo wong berkarir utowo wong sing ora biasa lho ya..
Iki ngunu cuma mbukak kesadaran berpikir, sebab kadang kolo manungso kui gampang terlena bujukan lan impian sing membutakan, luweh-luweh yen dibutakan karo gengsi..
SEBAB…
Okeh sing terjadi yen pernikahan ora imbang BIBIT, BEBET, lan BOBOTE kui bakale NJOMPLANG !
Oke, mungkin ono sing iso ngimbangi pasangane, pinter-pintere sing ngatur lah yow, Tapi pernikahan kui ora cuma antarane nganten lanang lan wedok, tapi keluarga lan dulur-dulur sejatine yow melu nyawiji dadi siji.

Ojo sampe, awak dewe menyiksa perasaan wong tuo sebab besane kui ora sederajat..
Sungkan, segan, isin misal digunem konco-konco, kolega, utowo keluarga liyane..
Ojo sampe emak opo bapakmu malah wedi-wedi karo mantune sebab mantune dianggap strara sosiale luwih mulyo sehinggo ora wani prentah lan ngarohi..

Lhah kanggo sing posisi sebalik’e piye ? sing wong berkarir, berpangkat, berduit tapi bojone wong biasa alias strara sosiale luweh rendah.
Ojo sampe nyikso pasangan sebab pasangan ora siap, sulit adaptasi nek lingkungan anyar. Iso-iso malah dadi bahan ejeken, cemoohan, nyinyir lan liyo-liyone..
Sepisan maneh iki cuma omong-omong ora kanggo, kabeh tergantung awak dewe-dewe sing njalani, yen Yakin iso, yakin yen cewek / cowok sing kita target kui pancen dadi jodohe selawase yow sumonggo diperjuangno..

Iki ngunu cuma tambahan wawasan, mungkin wae ono manfaate…
Sugeng dalu dulur-dulur, aku nulis iki jam 1 bengi, jane yow wayah ngeloni bojo :D

1 komentar: