Omong Ora Kanggo

Kabeh iki mung omong-omong sing ora kanggo

loading...

Kamis, 29 September 2016

5 Perkoro sing Wajib dingerteni Calon Nganten


Bengi iki aku ape omong-omong ora kanggo masalah nganten..
Sebenere rodo telat sitik aku omong soalan iku, amergo sasi iki wis terlanjur okeh sing lagi ae podo kawinan, eh nikahan.

Tapi yow rapopo, mungkin iso kanggo woco-woconan pemuda pemudi calon nganten mbesok’e.
Sesuai judule aku arep ngomongke 5 perkoro sing wajib dingerteni calon nganten versi Omong Ora Kanggo

1. NGERTI POSISI LAN SITUASI
Kaping pisanan calon nganten kudu reti posisi lan situasi, maksudte ngene..,, Pernikahan sing ideal kui kan kudune dijalani wong loro sing wis saling kenal, podo senenge, lan wis direncanakke adoh-adoh dino.


Tapi akeh juga pernikahan sing ora didasari koyo sing tak omongke nduwur lagik’an kuwi mau.  Iso ugo karna dijodohke, karna situasi emergency (darurat), lan iso juga dikondisikan pengaruh dukun utowo guna-guna, haha

Jadi…,, pihak calon nganten kudu ngerti posisi lan situasi iki..
Misal karna perjodohan, loro-lorone calon kudu iso adaptasi kanti alon-alon, ojo kesusu sak njerone tindakan-tindakan sakwisi nikah mengko.  Soale pasangane durung iso nyaman, iseh serba canggung, terutama yen arep malam pertama..,, :D

2. TULEN OPO ORA ?
Sing kaping pindo, sing penting kanggo direteni calon nganten ki sebenere “piye” calon pasangane.  Sing tak maksud “piye” ki soal ketulenane calon pasangan.  Soale lumayan akeh kasus ketlepok.


Ketone lanang tulen, tapi ternyata mburi-mburi nduweni kelainan sexualitas, jebule lanangane melambai, letoi, luwih cetone ternyata banci utowo gay.

Lha terus piye carane ngerteni ? kan iku rahasia..
Wah jujur wae aku lah yow bingung ki nek ditakoni carane mastekke piye. Soale iku wis masuk ranah privasi dan aib sing kebanyakan disimpen rapet-rapet karo sing bersangkutan.

Tapi …. GEJALA penyimpangan seksualitas cowok lan cewek kui sebenere iso diamati, iso dipelajari.   Jadi luwih apik’e iku sharing-sharing karo konco nek misale wis nduwe niatan kepengen nikah. Sopo reti mengko entuk informasi sing berkaitan karo calon pasangan.
Mugo-mugo wae sing moco kabeh iki ora ono sing ketlepok.. :D

3. RETI LATAR BELAKANG MORO TUO
Latar belakang sosial, ekonomi, pendidikan moro tuo ugo wajib dingerteni calon penganten sakdurunge urip bebrayan.  Soale iku sing iso nentokke cara awak dewe bersikap utowo ngadepi calon moro tuo.


Latar belakang sosial ekonomi lan pendidikan kui mbentuk pola pikire seseorang. Jadi calon peganten mengko gelem ora gelem iso ora iso kudu iso nyrateni moro tuo sing sejatine koyo wong tuone dewe.

Okeh wong omah-omah kang ora umur suwe perkoro mantu ora iso nyrateni moro tuo.  Meskipun masalah konflik iku memang amergo perbedaan sing wis ora iso dikompromikan. TAPI sak ora-orane yen calon nganten iku sebagai sing enom wis nduweni pondasi “ngerteni” latar belakang keluarga pasangane minimal potensi konflik iso diredam.

4. NGERTI OTOTE DEWE
Sing dimaksud otot iki kekuatan, kemampuan, awak dewe.  Dadi memang kudu lan wajib iso “nyadar” kemampuan lan kekuatane awak dewe lan pasangan.
Ojo sampe mengko yen wis urip bebrayan salah siji ono sing rumongso kuciwo amergo mbiyen-mbiyen jaman pacaran penuh dengan manipulasi, seneng menehi janji-janji karo pasanggan.

Ora perlu janji-janji, janji kui ora bakal iso ngluluhke ati, sing ono malah iso ngancurke ati yen janji kui ora iso ditepati.

Bebojoan kui sing apik kudu didasari kanti jujuring ati lan lati.


5. NGERTI HAK LAN TAGGUNG JAWABE DEWE-DEWE
Sing terakhir iki sing kudu diugemi sing gemati.  Calon loro-lorone sakdurunge melangkah luwih adoh, njegur luwih jero, menek luwih duwur.  Kudune wis iso reti opo-opo sing bakalan dadi hak lan tanggung jawabe mengko yen wis dadi bojo.

Sing lanang kudu reti tanggung jawabe, semunu ugo sing wadon, TAPI OJO CUMA RETI tok,, kudu iso konsekuen lan konsisten.



Konco-konco sing iseh podo joko opo prawan ojo cuma mikir yen tanggung jawab sak njerone bebojoan kui cuma masalah kelonan tok !! haha

Wis sementara semene wae, aku ape rewan nek nggone wong mantenan..,, (yo nyumbang barang) :D :D

Sugeng dalu sedoyo…..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar