Omong Ora Kanggo

Kabeh iki mung omong-omong sing ora kanggo

loading...

Selasa, 27 September 2016

Carane Mbedakke Cewek "Iseh Segelan" karo sing ora


Piye gaes kabare ? apik tow ? mugo wae tansah pinaringan sehat jasmani lan rohani.
Bengi iki aku arep omong-omong ora kanggo babakan cewek / wedok’an. Soale wingi enek konco sing rasan-rasan jare mamang yen mengko entuk bojo wis ora segelan.

Ngene…, aku yakin konco-konco sing kulino kulino internetan mesti wis sering weruh tips-tips carane mbedakke cewek sing iseh perawan karo sing wis ora perawan.

Jan-jane koyo ngunukui saru tur ora pantes dibahas, soale iku kan cuma nebak, menerka, lan akhire malah berprasangka sing elek karo wedok’an sing dibedek-bedek kui. Padahal okeh-okehe prasangka kui mberah lupute..

Tapi piye maneh yow, jamane wis koyo ngene kahanane. Wong lanang wis rumongso angil arep golek cewek sing iseh segelan.  Sing ketok’e alim yow ora jaminan yen durung pernah dijamah lanangan.

Saiki ngene sek ! sakdurunge awak dewe omong akeh-akeh, luwih apik’e iki sepakat ndisik soal definisi perawan iku sing kepiye..

Secara harfiah, halah opo sih harfiah iku !, wis ngene tak jelaske kanggo sing durung paham artine harfiah.  Harfiah iku yow arti opo anane ! misale arti harfiahe “mangan”, mangan yow mangan ! nglebokke panganan lewat cangkem, dipamah, trus diulu mlebu weteng. Iku jengene “mangan” sing sak benere..!

Tapi tembung mangan saiki kan wis mulai meluas pemakaiane, misale ono pejabat sing korupsi, terus podo diarani “mangan duite rakyat”. Lha duit kok dipangan ! opo enak ?? yow jelas ora enak !

Tapi iku kan wis umum diengggo, iku jengene makna sing wis ora “harfiah” utowo ora asline, utowo sanepo.

Lha ngene lho maksudku…
Aku pengen ngajak konco-konco kabeh iki mbahas “cewek iseh perawan” opo wis ora nanging ojo sebatas makna harfiahe tok.

Secara harfiah ! cewek sing diarani perawan kui kan sing iseh segelan, mahkotane durung pernah ditembus oleh sesuatu objek, Lha objek sing dimaksud kui mestine yow senjatane wong lanang.

Tapi saiki ganti ngene.., Misal iki, misal konco-konco sing saiki iseh joko arep golek calon bojo. Mestine impiane kepengen entuk sing iseh perawan, iseh segelan…
Wis taruh kata entuk sing iseh segelan, TAPI…,, Nah…. Tapi ne iki lho sing asyik dibahas…
TAPI meskipun iseh segelan ndisik kui jaman semono, cewek’e kui sering banget gonta ganti pacar lan senengane kencan.  Cipika cipiki wis ping ewonan, kis kisan wis ping atusan, tangan sing jamah wis puluhan.  Lha nek wis koyo ngunukui banjur iseh iso diarani prawan opo ora ??? nek secara harfiah yow iseh perawan

Lha saiki masuk ning tema inti..,, Kan okeh tow tulisan-tulisan opo artikel nek internet sing mbahas ciri-ciri cewek sing wis ora perawan iku piye wae…,,
Opo ciri-ciri iku bener ? Yow mungkin ae bener, tapi ora 100 % bener !
Di antara ciri-ciri sing disebutke jare ikune kendo, ikun mudun, ikune ketok ora segere, lan liyo-liyone…

Sak iki kui jaman modern, kabeh iso direkayasa.
Awak sing wis kendo iso maleh kenceng maneh, kulit sing keriput iso maleh mulus maneh, lambe iso disulam, rambut iso disembung, lan serban neko-neko liyane…


Lha contone poto nduwur kui..,, iseh ise mbedakke ra wedok'an thailand kui iseh prawan opo ora ???
Mesti nebak'e konco-konco wis ora prawan,, Tapi bodyne yow ora kalah karo prawan...

Lha terus piye iki lek ?
Tenang… aku nduwe solusine..,, CARANE YO IKU SING BESANGKUTAN DI TAKONI LANGSUNG..!!
Edan ue lek…,, mosok masalah koyo ngunuku ditakonke langsung karo wonge.. ??

Lha… Ngene…,,
Sampeyan ki niat serius arep mbok kawin opo ora ? cinta opo ora ? sayang opo ora ?
Seharuse yen sampeyan ki bener sayang lan tresno, kudune ora ngributke opo bocahe iku iseh segelan opo wis ora.

Kui bagian soko masa lalu, kabeh wong nduweni masa lalu, jadi yen sampeyan wis mantep pengen urip karo cewek kui mau, sing kudu ditoto kui masa depan, ora perlu ngributke masa lalune..

TAPI, yen memang konco-konco tetep nduweni prinsip kudu entuk sing segelan, lan posisine mamang karo cewek’e, yow kudu ditakoni tow yow.,, daripada tersiksa batin ?!

Carane takon ngene :
“ Dek/Yang/Cin/Nok, (terserah nyelokmu piye)
Aku iki serius karo awakmu, aku kepengen ngajak sliramu bebrayan, urip bareng kanggo selawase..,, Tapi sakdurunge kui aku kepengen kejujuran soko awakmu, wis ora perlu ditutup-tutupi, ora perlu isin-isin, awak dewe wis podo dewasane, Yen awakmu bener tresno karo aku kudune iso jujur,, amergo KEBOHONGAN sing mbok umpetke koyo piye wae bakalan konangan mengko akhire ”

Lha yen wis mbok dasari karo omongan koyo nek nduwur kui, terus kari takon opo sin mbok maksudke…,,
Tak kiro…,, yen wis omongan soko hati ke hati koyo ngunu cewek mesti gelem jujur..,,
Nek wis jujur,, terserah keputusan opo sing arep konco-konco ambil…
Sak ora-orane wis reti kenyataane….

Ono maneh coro nomer 2
Kabeh wongg, lumrahe nduweni konco cedak, istilahe ce es opo sahabat,, Lha sampeyan iso omongan serius karo ce ese cewekmu kui,, TAPI sebelum omongan yow situasine dikondisikan ndisik sekiro koncone cewekmu kui mau paham yen kui omongan sing serius, omongan sing menentukan kehidupane wong…,, Yen misal kesulitan hubungan karo koncone…,, Yow golek’o info soko lingkuan / soko ngendi-ngendi lah..,,
Mesti entuk petunjuk..
TAPI yen meso iseh mamang yo mending nganggo coro sing Pertama mau

Wis….
Sementara cukup semene omong-omong ora kanggo iki..
Terserah sampeyan arep pakai metode sing ngendi..
Arep nebak-nebak soko awak njobone, opo dibuktikno langsung :D

Tidak ada komentar:

Posting Komentar