Omong Ora Kanggo

Kabeh iki mung omong-omong sing ora kanggo

loading...

Kamis, 22 September 2016

Postingan Pisanan


Iki ngene cah, sakdurunge aku ngomong akeh-akeh, perlu podo mbok reteni ndisik yen Blog sing judule "Omong Ora kanggo" iki memang bener koyo judule, kabeh tulisan sing ning blog iki isine emang bab sing ora penting !

Lha terus ngopo kok nek ora penting kok digawe ?? mungkin enek sing nduwe pitakonan koyo ngunu..,,

Jawabe ! yo... suka-suka aku nuw, wung iki blog-blog ku dewe, sing nulis yow aku dewe, ora njiplak soko tulisane wong-wong kae !

Tapi ngene..,,, masalah kanggo ora kanggo iki asline subjektif cah. Lha wong bojo ayu kinyis-kinyis wae iso ora kanggo kok ! padahal logikane kan iseh pantes yen dikanggokke. yow ra ?? Dadi kanggo ora kanggo kui tergantung pribadi masing-masing sing ngrasakke !

Makane kui..,, aku pengen ngajak konco-konco kabeh sing gelem mampir ngeluangke wektune kanggo moco-moco ning blog iki ngrasakke urip.

Walah gayamu ! koyo pilsapat wae ! bocah wingi sore sekolah cuma lulusan Aliyan Ndeso wae sok-sok'an ngajak ngomongke urip ! rasah kempliti !
Mesti ono sing komentar koyo ngunu..

Yow.... piye maneh,, wis ben, wong nek ancen durung iso ngrasakke urip yow ngunukui :D
Eling kang, yu Blog iki judule "Omong Ora Kanggo" ! Yen sampeyan mengkritisi Blog iki yow ngetokke yen sampeyan iki koyo "wong sing ora kanggo" !

Tidak ada komentar:

Posting Komentar