Omong Ora Kanggo

Kabeh iki mung omong-omong sing ora kanggo

loading...

Jumat, 23 September 2016

Urip sing bener iku kepiye tow ?


Piye gan kabare ?? apik tow !!

Sak wise moco POSTINGAN PISANAN mugo wae dulur-dulur kabeh iso paham karakter blog iki..,, Yen durung paham luwih apik ora usah tutukke moco, tapi kanggo sing wis paham iki arep tak ajak ngomongke soal "URIP".

Urip sing bener iku kepiye tow ??
Lha sakdurunge ngomong terlalu jero luwih apik ayo do nyicil ngumungke istilah-istilah ngisor iki ndisik :
1. URIP
2. BENER

URIP
Urip kui yow urip.., nek miturut aku Urip iku keadaan awak dewe sakiki, awak dewe ora pernah iso mbayangke kepiye yeng ora pernah urip, amergo ora pernah urip iku adalah ketiadaan.  Ora berlaku pitakonan opo wae kanggo sesuatu sing ora pernah urip.

Ora pernah urip kui bedo karo mati ! amergo mati kui wis pernah urip, meskipun "mati" kui sebenere cuma istilah sing ono nek ndonyo, secara hakekat cuma pindah alam, nek alam kubur opo alam akherat, tetep URIP !

URIP kui enek sing ngartekke sebuah kecelakaan, amergo awak dewe ora pernah njaluk urip, mulo kadang enek wong sing ngomong ngene : " Ya Allah, ngene kok urip barang ! Mending mati yen keadaan koyo ngene iki "

Lha bagi wong sing protes koyo nduwur iku rumongso yen Uripe awak'e kui ora ono artine, tansah rekoso, tansah kesiyo-siyo, keloro-loro. trus secara tersirat cobo ngomong ngene karo Sing Menehi Urip :
"Yen aku iki bener makhlukMU, bener mbok jamin kehidupanku, kenopo uripku mbok gawe koyo ngene ?? Kenopo ora iso kepenak koyo kanca-kancane kae ?"
Yen didelok sepintas memang koyo ngunu, seolah Tuhan iku ora adil nggawe urip iki,, ono sing metu bejedet dadi anak'e wong sugih wong pinter, ono sing metu nek tengah-tengah perkampungan kumuh, nek kehidupan sosial sing rusak banget. Opo adil Tuhan kui yen koyo ngene ??

Ngene.., Ngene..,, wis awak dewe iki ora usah Protes karo Gusti Allah, Gusti Allah kui makno ADIL, ora iso diganggu gugat !! Yen awak dewe iki durung iso ngerteni "kepiye tow" carane Tuhan adil iki, iku amergo awak dewe iki sing pancen durung kuat pikirane, durung iso paham konsep keadilan Tuhan, durung iso ngrasakke.
Contone ngene : Mbiyen pas awak dewe iki ijeh cilek, iseh seneng dolanan nek kali, seneng dolan nyabarang ratan, seneng menek wit-witan, MESTI wong tuo iki ngamuk,,
Lha awak dewe iki jaman semunu ijeh cilik ora iso, durung iso memahami konsep sayange wong tuo koyo ngunuiku.

Bagi awak dewe wong tuo iku melanggar HAM, mengekang kebebasan ber-ekspresi, kurang selow, kejam, lan liyo-liyo..,, OPO PEMAHAMAN KOYO NGUNU IKU SALAH ???
BENER !! bagi cah cilik, amergo ora bakal iso nompo penjelasan opo maneh iso ngrasakke kenopo wong tuo ngamuk koyo ngunukui.

LHA saiki, yen awak dewe wis dewasa, wis dadi wong tuo, lagi paham sesuatu yang terjadi puluhan tahun kui..,,
O....., jebule wong tuo iku cuma khawatir karo anak'e, cuma meminimalisir potensi kecelakaan, pantes yen ndisik ngamuk-ngamuk,, amergo cuma AMUKAN/GEBUKAN bahasa sing iso ditompo cah cilik kui,, cah cilik ora bakal iso nompo kata-kata bijak, opo maneh filosofine Aristoteles opo Plato.

Contoh maneh : ELEKTRONIK !
bagi awak dewe orang awam kadang bingung, mplenggong ! yen weruh cara kerja alat elektronik sing canggih-canggih iku....,, Lho kok iso yow, kok iso ngene yow !
BAGI mereka para teknisi, mekanik, pemikir,, konsep kerja elektronik kui simpel, gampang banget dipahami,, TAPI bagi kita ANGILLL,, terkesan koyo ora masuk akal !!

Dadi, yen awak dewe durung iso mahami yen Tuhan kui PASTI ADIL mending awak dewe sementara ora pelu mikirke Tuhan,, Lha ngopo ?? percuma !! percoyo Tuhan kok ora percoyo sifate..

Kabeh iki cuma masalah pemahaman, masalah Roso,,  dadi ringkese ngene :
URIP IKI YOW KOYO NGENEKI, TUHAN MENEHI KITO URIP, WIS TITIK ! iku wis dadi sifat WENANGE Tuhan, arep ngopo-ngopo yo ben ! Lha nek gak seneng diwenehi urip yo bunuh diri kono !!

saiki ganti
BENER
Bener iki lho sing selalu dadi perdebatan sejak jaman Nabi Adam digawe sampai saiki, Biyen Iblis rumongso bener gak gelem sujud karo Nabi Adam, miturut keyakinane iblis yow bener, tapi ternyata Gusti Allah memutuskan iblis kui salah banjur diusir soko suargo lan dikutuk sampe dino kiyamat.

Lha opo Iblis iki bener moh sujud karo Nabi Adam ?? secara nek dilihat sepintas yow bener, kui kan HAI (Hak Asasi Iblis) coro awak dewe yow HAM.
Lha tapi kenopo kok oleh Gusti Allah diputus salah ??? amergo Iblis iku rumongso paling bener ! iki jengene SOMBONG, Lha masalah Sombong ikilho sing dikutuk Tuhan.

Sak iki mbahas bener di kalangan kito manungso..
Bener iku ora ono, Salah yo ora ono, yen sing dipake patokan kui Logika lan Perasaane manungso, mulo kui butuh sing jengene WAHYU ne Gusti Allah sing mawi lantaran Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Contone ngene :
Enek maling motor, digebuki banjur diobong bareng-bareng, opo kui bener ??
yow bener nek mungguhe sing podo ngobong, pedomane opo ? Pedomane kui Yen ora diobong ora puas.,, Lha puas iki kok ternyata ukurane..
Secara Undang-undang piye ??
Lha nek misale secara undang-undang kui "sah" opo banjur iso diarani bener ?? Lha wong undang-undang kui digawe yow demi muaske pendapat sing gawe Undang-Undang kok..,,

Wis-wis..,, ora usah mbahas bener nganti ngotot, ora ono sing bener mutlak kecuali Gusti Allah,, awak dewe cuma iso terus golek'i jalan sing bener,, "DALAN SING BENER" kanggo menuju kebeneran sing hakiki,,
sepisan maneh !! awak dewe cuma iso nggolek DALAN SING BENER, durung iso golek bener nganti mbesok nek pengadilane GUSTI ALLAH,,
Sementara, nek coro aku BENER yo kui RUMONGSO ORA DADI SING PALING BENER..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar