Omong Ora Kanggo

Kabeh iki mung omong-omong sing ora kanggo

loading...

Selasa, 27 September 2016

Carane nggodok sarimi sing bener


Langsung wae yow gan… juragan…
Ono ing kesempatan iki aku pengen omong-omong soal Sarimi, luweh tepate mie insant sing sumebar nek toko-toko kui..,, Tapi biasa lah… coro wong ndeso koyo aku ngeneki yen nyebut suatu barang iku mesti wis kedarung manjing karo merk kawak sing wis melegenda…,, contone yen nyebut mie instant yow nyebute Sarimi, nyebut Balsem yow Rimason, nyebut mecin yow Moto, nyebut Plester obat yow Handyplast, lan liyo-liyone…


Lha saiki aku arep menehi tips carane nggodok Sarimi, halah ! amen Sarimi wae, wis manjeng soale gan..,, tapi yow rapopo ah yow..,, toh aku yow ora dibayar Pabrik Mie Sedap, Indomie, Top Ramen kanggo nyeponsorke kabeh kui kok..,, Kecuali nek pabrik-pabrik mie kui kabeh gelem pasang iklan nek blog iki yow tak sebut sing bener.

Eh sek yow, sakdurunge aku ngomongke tips-tips rahasia carane nggodok sarimi sing bener aku tak crito sitik yow gan, sis..
Ngene…,, masamu… aku kui mbiyen pas ijeh cilik ora reti yen Sarimi iku bentuk’e dowu koyo ulo ngunuku…
Selama bertahun-tahun, hampir satu dekade sak retiku sarimi iku bentuke cenduk cilik-cilik koyo uget-uget..

Lha kok iso ngunu ??
Critane ki mbiyen simbokku nek nggodok sarimi ki diremes-remes ndisik jen dadi babar, jen mandumi wong okeh, jen mangane gampang…
Harap maklum gan sis..,, wong ndeso wong biasa ora keluarga priyayi, ora nduwe garpu, sarimi 2 bungkus kanggo porsi wong 7.

Lha terus suwe-suwe ki aku reti kenyataan sing sakbenere ki kepiye pas weruh prosese si mbok nggodok sarimi…
Wah… ternyata selama bertahun-tahun aku meyakini sesuatu sing salah…
Haha…,, wis cukup semunu wae crito masa laluku….,, sampeyan mungkin enek sing nduwe pengalaman podo, yow wis cukup mesem wae, ra lah crito..

Saiki wayahe nepati janji, tak dohi carane nggodok sarimi sing bener sing kepiye…
SING BENER KUI KUDU PODO KARO GAMBAR SING ENEK NING BUNGKUSE… :D
Ono telure sigaran, ono sempol ayam, ono sayure ijo-ijo,




Haha, guyon iku mau..
Sing bener iku yow ora perlu tak dohke, lha wong nggodok sarimi wae kok ora reti carane, kebangeten…!!
Nek bungkuse sing mburi kan yow wis ono petunjuke, Lha kanggo sing ora iso moco wis dilengkapi gambar cara penyajian…,, Pabrik iku asline wis pangerten kok..,, sing ora iso moco kon ndelok gambar..

Tapi ki rodo serius sitik ki, tulung diperhatekke..
Yen nggodok mie instant kui banyune ojo dibuang..,,
Kadang asumsine wong-wong kui banyune dianggep mengandung pengawet banjur dibuang terus diganti banyu panas sing anyar…
Kui salah !! Jare wong-wong pinter justru kui banyu godokan pertama sing mengandung mineral sing apik….
wis ndisik yow aku ape nggodok sarimi…,, eh mie sedap…


Tidak ada komentar:

Posting Komentar