Omong Ora Kanggo

Kabeh iki mung omong-omong sing ora kanggo

loading...

Sabtu, 08 Oktober 2016

Carane Jen Iso Weruh Setan




Sugeng siang sanak kadang..,, sehat tow ?? mugo sehat wal afiat kabeh sing mampir nek majlis omong ora kanggo iki..
Tulisan iki TERINSPIRASI soko salah sijine konco pesbuk sing gawe status kepiye carane iso weroh bongso setan. Lha iki bocahe..



Ngene..,, sakdurunge aku mbongkar tips-tips dan rahasia carane jen iso weroh setan ayok do kenelan ndisik setan iku sopo, mengko yen wis iso ketemu jen ora kaget. Luwih-luwih kanggo sing nduwe riwayat penyakit gudik, eh jantung !

Setan kui…
JARENE pak yai koyo sing wus kasebut enek njero Al-Qur’an yo kui salah satu “jenis” makhluk ciptaane Gusti Allah sing digawe soko GENI. Lha setan iki salah siji penggaweane yow nggodo menungso.  Sing dimaksud nggodo iku ora kok menden-medeni koyo tow berubah dadi pocongan opo sundel bolong terus nyegati wong nek dalanan sepi.  Tapi nggodo kepiye sekiro manungso iso lali lan acuh karo Tuhane…,

Lha iku lek kok ono sing kerep diweruhi pocongan / ujung-ujung / gendruwo / wewe / tengkorak / lan liyo-liyone ???
Wis … ojo kesusu protes ndisik ! mengko nek mburi dibahas juga…

Mbalik nek TEMA !
Opo iso awak dewe sebagai manungso weruh setan ??
ISO !! Lha balamu mendem mendino iku dak setan..,, hehe ., guyon…peace..,,
Sebenere…..,,, miturut beberapa sumber, SYETAN kui cuma JULUKAN kanggo bongso JIN sing nakal / jahat. Dadi makhluk jenis SYETAN / IBLIS ki ORA ONO !!
Sing ono ki JIN…,,, lha nek SYETAN ki julukan sing disandang JIN, AKU lan KOWE sing nduweni tabiat ELEK !! iku iso diarani SYETAN, sing pol bejat diarani IBLIS LAKNATULLAH..,,,
Tekan semene wis do paham yow cah…??

Oke, ayo dilanjut omong-omong ora kanggo ne..
JIN kui termasuk makhluk GHAIB nek kanggo awak dewe, tapi sebenere sih ora GHAIB nek miturut sifat hakikine..
GHAIB kui sesuatu sing manungso, jin, lan poro malaikat ora iso ngerteni..,, iku disebut GHAIB, contone soal kapan dino kiyamat iku teko, iku termasuk perkoro kang ghaib..,, Tapi nek miturut awak dewe JIN iku memang GHAIB soale alame / dimensine bedo karo manungso..,,

Luwih GAMPANGE ngene…
JIN kui kan tercipta soko GENI..,, LHA geni iki opo sih ??
Geni kui asline “cahaya gamma” miturut ILMU FISIKA yow kui cahaya sing ujug-ujug ono perkoro reaksi pembakaran utowo oksidasi (syarate kudu ono bahan kang gampang terbakar (fuel), panas, lan oksigen).  Misale ngene..,, pipine kancamu mbok jiwit terus mbekas abang..,, LHA warna abang kui sing jengene reaksi !! dadi abange pipi sing mbok jiwit kui mau DUDU BENDA ! tapi REAKSI !!
Rumus kimiane koyo iki :
CxHy + O2   → CO2 + H2O

Dadi GENI iku REAKSI (OKSIDASI) sepisan maneh GENI iku ORA BENDA / ZAT tapi REAKSI sing ketok utowo maujud dadi CAHAYA lan PANAS,,
Tekan semene wis rodo angil kan pahamane ?? Amergo awak dewe sebagai manungso iku wis biasa urip awor benda-benda, JADI yen mbayangke sesuatu ORA BENDA tapi KETOK WUJUDE rodo angel dipahami.



Penjelasan sing rodo gampang  maneh ngene, anggep wae GENI kui energi panas, dadi geni iku ora ono wujude ora ono rupane tapi ISO DIRASAKKE, tapi untunge GENI iku nduweni rupo abang, kuning, utowo biru dadi awak dewe iso mengatasi yen misal ono masalah karo geni misale kobongan.
Piye wis rodo paham sitik ra ?? Jin kui asline ILMIAH banget tow ??

Tambahan maneh..,, Opo wae kui…,, sak liyane Allah disebut MAKHLUK,, termasuk GENI sing meh-meh ora nduweni massa ora nduweni wujud wadat TAPI ONO, dadi jelase JIN sing digawe soko GENI iku makhluk sing iso diarani tak berwujud, coro wong jowo nyebut “BONGSO ALUS” ora bongso ghaib. CORO aku luwih cocok sebutan bongso alus daripada bongso ghaib.

LHA sing dimaksud bedo dimensi ki ngene..
Awak dewe sebagai manungso ki urip ning alam wadat, alam 4 dimensi, dimensi benda-benda, dimensi sing cuma iso didelok karo panca indra.  Lha JIN kui urip nek alam sing DIMENSI ne luwih duwur, mungkin dimensi 5 opo 6.
Delok'en gambar ilustrasi ing ngisor iki :  


Ono gambar nduwur iso dipahami, gambar TABUNG sing ono nek njero ruangan kui sebagai makhluk 3 dimensi, sing nduweni dimensi panjang, dimensi lebar, dimensi tinggi, utowo iso diarani nduweni VOLUME.  Sedangkan BIDANG DATAR sing koyo tembok/ayang-ayang kui makhluk 2 dimensi sing cuma nduweni dimensi panjang karo dimensi lebar. makhluk 2 dimensi ora nduweni volume.  Dadi miturut makhluk dua dimensi cuma iso nangkap utowo weruh wujud makhluk 3 dimensi sebagai lingkaran utowo kotak tergantung soko ngendi sudut pandangange, koyo nek gambar nduwur kui. Makhluk 2 dimensi ora bakal iso masuk nek alam dimensi 3 sing nduwe dimensi panjang, lebar, tinggi.  amergo makhluk 2 dimensi cuma berupa bidang datar. hukum volume ora berlaku kanggo dewek'e. TAPI sebalik'e, makhluk 3 dimensi kui justru tersusun soko bidang-bidang datar sing berlipat-lipat sehinggo nduweni "volume".

Dadi jin iso sak senenge dewe masuk alam manungso, TAPI manungso ora iso masuk alam jin,, KECUALI wong-wong wis nduweni ngelmune opo reti carane, iku wae ora iso masuk sin tenanan, cuma iso ngintip sitik tok !

Saiki wayahe nepati janji, sesuai karo judule “carane jen iso weruh setan/jin” yo kui ngadeko nek ngarep koco, sing ketok wujud nek koco yo kui jin !
Asu !! enek sing misuh perkoro secara tidak langsung aku nyebut sing moco iki jin/setan,,
BENER tow ?? yen sampeyan ngamuk iku jelas karna ono energi setan sing ngrasuk nek njero awakmu, dadi diakui po ora setan wis manunggal sak njero awake wong sing wis dikuasai napsu..

Halah…,, dudu iku lek sing tak maksud !!
Konco pesbuk sing gawe status nduwur mau protes mestine..,,
O…,, aku ngerti.., mesti sing dimaksud kui kepengen weruh sundel bolong, weruh gendruwo, opo weruh pocongan..,, iyo tow ??
IKU DUDU WUJUD JIN SING SAK BENERE kok kang,,
Iku cuma persepsi awak dewe, makane nek amerika ora bakal nemu sundel bolong opo pocongan.  Semunu ugo nek Indonesia ora bakal nemu Vampir opo Valak.
Penampakan kui cuma persepsi awak dewe terhadap JIN sing “ngetokkke” energine dadi wujud benda ? DADI IKU DUDU WUJUD ASLI JIN !!

Ringkese…,, MITURUT AKU, sepisan maneh iki MITURUT AKU, manungso biasa ora bakal iso weruh wujud asline jin, sing iso diweruhi cuma panampakan 4 dimensine tok, sedangkan wujud asline jin kui 5 bahkan 6 dimensi. 

Jujur wae aku ora reti carane kepiye jen iso weruh gendruwo :D :D
ojo nesu gan,, iku ngunu cuma omong-omong ora kanggo..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar